Genteng Ambruk
(dening Betris Candra S. D.)
Dina iku tepake dina
Senin. Sekolah waktu iku diliburno, amarga kelas ngisor banjir gak ketulungan.
Cek ora salah paham lan pilih kasih, akhire Bapak Sulaiman mulihno isuk kabeh
siswa dina iku. Moleh sekolah, aku langsung marathon film kira-kira telung jam.
Ngantuk, mari nonton film aku terus turu.
Sakmarine wayah
maghrib, aku lungguh ing kursi sinau seng ana nang cedhak ruang tamu. Nanging
Mamaku, ana ing kamar lagi telfon ngurusi pekerjaan. Hawane adem amarga udan
gerimis rada deres. Mbukak hape kate nakok opo onok tugas, lha kok
“BRUAAAK!!!”. Aku kaget sak kaget-kagete. Hapeku gak sengaja kebanting, aku
langsung mlayu menyang kamar.
Beh, tak kiro swarane
petir, ternyata duduk. Aku karo Mamaku terus ndelok nang ngarep omah.
“Astagfirullahaladzim, omahku.” Mamaku mung ndeloki atap garasi seng ambruk.
Gak sanggup ngadek, Mama ora iso nahan rasa kagete. Mamaku mung istighfar
marang gusti Allah karo lungguh ing lantai. Swara seng banter maeng krungu
tangga sak-RT. Bapak-bapak langsung nggolek alat gawe nyangga atap gentenge.
Atap genteng garasiku
ambruk. Jarene amarga udan deres, kayu seng nopang atap sebelah kanan wes lapuk
lan gak sanggup nahan beban gentenge soale genteng atap termasuk genteng suwi
seng abot lan kuat. Atap seng sebelah kanan, akhire mung ditahan karo pager.
Sewalike, tembok gede seng gawe penyangga atap seng sebelah kiri cuklek
kira-kira 30°. Tembok penyanggane ancene ketok gedhe lan kuwat, nanging ora ono
wesi ning njerone.
Wes iso bisa nerima
kenyataan, Mamaku ngadek terus metu, aku meloki wae. “Waduh, bu. Niki soale
kayune lapuk kenek udan.” Jare salah siji bapak-bapak. “Nggeh, Pak. Lha piye
maneh. Mung kula nggih ora ngerti bangunan.” Bapak-bapak liya terus nggolek
pring gawe penahan. Mamaku terus ngengken, “Bet, fotoen omahe, banjur kirimen
nang grup ‘The Mugi’” “Nggih, Mam.” Jawabku.
Aku terus ngefoto
tembok seng cuklek lan atap seng ambruk. Tak kirim nang grup wattsap ‘The Mugi’
keluarga besare Mamaku. Kangmase Mamaku, Pakdhe Djoko, langsung mbales gak ana
itungan menit. “Paling hikmahe genteng ambruk iki ben Mas Djoko teko nang omah
yo, Bet.” Jare Mamaku sawise ditelfon Pakdheku. Pakdhe Djoko ancen wes
pirang-pirang tahun ora nyambangi nang omah. Padahal, setiap tahun Mamaku mesti
sowan nang omah Pakdhe.
Adik nomer siji Mamaku,
Om Tatang, ditelfon ora kenek amarga tasih ing kantor. Tapi ora let sejam, Om
Tatang wes ana ing ngarep omah marine ngantor. Om Tatang teko karo anak buahe
seng pinter bangunan. Adik nomer loro Mamaku, Om Witono, seng omahe cedhak, yo langsung
moro nang omah ngecek keadaan. Wis kaya reuni keluarga, Pakdhe Djoko ternyata yo
teko karo Budhe Watik (yuswane) lan Mas Sesa (yogane).
“Ooo,
iki lo penyebabe. Tembok iki pancen ketok gedhe, nanging ora ana wesine yo dadi
ra kuat.” Jare Om Tatang.
“Wes,
ngene ae, Tang. Iki saiki dibongkar. Ben nggak mbebayani Mbakyu mu iki.” Jawab
Pakde Djoko karo mbenakno pring penyangga.
“Yo
ora iso to Mas, Niki ngono genteng abot, saiki yo tasih udan ricik lan peteng
gak ketok apa-apa. Nek di bongkar saiki, malah mbebayani seng mbongkar.”
“Wes
to! Nek aku ngomong bongkar-bongkar!” Pakdhe terus rada nada tinggi tepak
ngomong ‘bongkar’.
Om Witono seng podo ora
ngerti bangunan, mung melbu omah, lan nedha rengginang seng ana nang ruang
tamu. “Iki nek soal limit linier, ambek limit linier diporo bilangan, muesthi
asile nol, Bet.” Jare Om Wit tiba-tiba nyedheki aku sembari maca buku UN tebel.
Aku seng ora mudeng mergo sinau biologi gawe sesuk ulangan, mek manthuk-manthuk
diajak ngobrol Om Wit.
Mamaku
mbenerno jawaban logise Om Tatang, lan njelasno secara alus nek misal
pembongkarane sesuk ae wayah isuk utawa awan. Pakdheku terus yo nyetujui wae.
Amarga nek misal dibongkar wengi iku, yo ora onok tukang utawa kuli seng
ngewangi. Bengi iku akhire dilanjutno ngobrol antar sodara. Aku yo dituturi
Pakdheku lek ojo milih mek teknik fisika, goleko jurusan liyane pisan gawe
opsional.
Sawise
kabeh Pakdhe, Om, lan Budhe kondur, aku ngelanjutno sinau biologi. Jek tutuk
sub-bab DNA aku wes ngantuk gak sabar pengen turu. “Oalah, hikmahe genteng
ambruk yo akhire Pakdhemu teko mrene banjur pirang-pirang taun gak tau mrene.”
Jare Mama. “Hehehe, Inggih Ma, kudu ana kejadian luar biasa.” “Iyo. KLB,
kejadian luar biasa.” Jam nunjukno rolas bengi, aku jek maca LKS biologi,
muga-muga ae sesok ulangane sido dilaksanakake.
-TAMAT-
Komentar
Posting Komentar