Contoh Teks Drama Bahasa Jawa

Drama Basa Jawa
“Kantin Larang”
Fili : Ibu uvan
Ulil dan Geryl : anak yg ngebully uvan
Ricko : ayah uvan
Uvan : anak miskin
pijar : bu kantin
Aldian : guru
Betris : narrator

N: Alkisah ana telu sekawan sing anggotane Lintang, upan abang lan ulil. Bocah telu kuwi sekolah ing sma paling elit sejagad jenggolo. Ing sawijining dina, Pak Guru duwe woro-woro sing penting banget kanggo kelangsungan urip telu sekawan ing sma.

Scene 1
#guru ngasih pengumuman kantin baru.
A: (mirip pak joko ngomonge) murid murid sing tak trensnani bapak nggawa kabar sing penting
Uv : kabar napa pak? Opo Ana murid anyar ?
G : woro woro nopo pak?
U: oh kulo weruh pak! libur setahun yo sekolahan? Yeeee
A : dudu murid murid, dadi mulai sesuk ing sekolahan iki bakal ana kantin anyar sing pastine luwih sehat ketimbang sadurunge, soalle bapak dewe sing ngetest bakal wong dodolan ing kantin anyar
G: yeeeeeeeeeee
Uv: yeeeeeeeeeee
U: yeeeeeeeeeee
#sesuke , trak trak trak trakkkk
Scene 2
#uvan nang kantin nggowo duit 1500 gawe tuku es teh. Tapi gak oleh soale es teh e regone 5000, kate tuku bakso yo gaoleh, soale regone 10.000. terus uvan dibully geryl lan ulil.
G: rek mari iki ningg kantin anyar yook
Uv: jarene sih panganane enak enak, aku arep nyoba siji siji, tukuo kabeh tak incip incipi hehehe
U: yo emok a, kon iku lemu mangane akeh, incipan mu iku sak porsi upan
G: halah gampang lil, engkok tak bayari wess
Uv: tementa, jok goro
G: tak bayari banyu putih wae yoo, wkwkwk
U: plek disik bang
Uv: goroooooooo
N: Sawise nyampe kantin
P: soto ayam!, bakso kuah!, gado gado!, jus kabehe rasa!, es teh! dituku ayo murah murah!
U: mbak tuku gado gado sing pedes yooo
P: sekedap dek 18 ewu dek
G: Tuku soto special mbak, ayame sing akeh
P: iyo 30 ewu le
Uv: tuku esteh mbak
P: esteh pitung ewu
Uv: yaampun mbak larange ning ngarep omah lo sewu limangatus
P: bahan bahan e premium dek, lek ngono tukuo ning ngarep omahmu ae
G: lapo pan, gasido tukua ?
U: gk nduwe duwek arek iku. Pengen tak bayari a le? Awakmu kok melas ngono.
Uv : loh gakpopo ta mas? Sungkan aku…
Ul : tapi gaksidoooo, gorroooo
G: Tos sek rekkk, *tos
Uv : *nunduk terus sedih
Scene 3
#uvan moleh nang omah njaluk tambahan sangu. Gak di kei ambek wong tuwane amarga wong bapake iku tukang becak lan ibune mek ibu rumah tangga.
#ibune lagi setrika, lan bapake lagi ndelok TV.
Uv : *nggebrak sesuatu. Pak e buk e
F : ono opo to le?
Uv : njaluk duwek poo bu.
R: moleh gak salam, teko-teko njaluk duwek, karepmu iki opo se?
Uv : ikulo pak, nang sekolah ana kantin anyar, aku gaduwe duwek terus dilokno ambek geryl lan ulil. Aku digarai bu. *terus nangis
R : kon ikulo, gak ngerti susahe bapak nggolek duwik, teko-teko njaluk duwik, spp bulan iki ae bapak gorong duwe duit le…
F : we le, ra usah njaluk sing duwur-duwur, engkok ibu siapno bekal. Malah luwih sehat to le… tapi yo tak cobak e ngomong nang gurumu.
Uv : halahh bu, yoweslah aku pasrah.
Scene 4
#ibu lan bapake uvan teko nang sekolah kate matur nang guru opo o kok kantine larang banget
A : monggo bapak lan ibu pinarak
F: iki wali kelase anak kulo upan?
A: inggih ibukke upan
R: bapak iki dadi guru kok nggak ngurusi murid murid nganti kantinne luarang dijarno *emosi
A: sekedap pak kulo celukke sing dodolan ing kantin
P: menopo pak guru nyeluk kulo, arep pesen panganan ta pak?
A: dudu mbak, iki ana wali murid sing laporan kantinne larang
F: mbak kantinne gk isa di turunake ta regane ?
P: ya gak iso buk, ning kantin kulo panganane premium kabeh
R: yowis buk anake dewe digawaake bekal ae
Scene 5
#uvan akhire nggowo bekal dewe, terus nang kelas geryl lan ulil mari teko kantin. Mamer-mamerno jajane.
Uv : *mangan bekal *nyam-nyam
Ul : ealah arek iki rek, wes nggak duwe duek, saiki nggowo bekal koyok arek cilik ae
G : Deloken iki lo, kembaranku ulil, mbari tuku soto 30ewu.
Uv : yo babah talah rek. Bekal iku luwih sehat.
Ul : halah, sok-sokan. Ngomong ae ngga duwe duit
G : mboh talahh… hahahhha
#sawise sak menit
Ul : uhuk, uhuk, arghh, arghhhh, ARGGHHH!!! 
G : loh lapo lil? Ono opo?
Ul : ah wetengku loro mas…. Yoopo iki…
G : loh mas, mosok mari mangan soto larang langsung loro weteng.
Ul : *nyekel weteng, terus pingsan
G : loh mas, ojo pingsan nang kene mas, loh yoopo iki
Uv : makane talah, gausah sombong, ayo wes saiki tak tulungi nang uks
G : Ya Allah, mas. Sepurane lo mas wes mbully awakmu. Maturnuwun yo mas
Uv : iyo gakpopo… *ulil digendong uvan “Ayo wes.”

Sawise iku, arek telu maeng, mesti jalan bareng, mangan bareng, opo-opo bareng. Koyok arek kembar 3. 
Pesan moral ing drama iki : ojo mbully konco

Komentar